Assalamua’alaikum wr.wb.
Alhamdulillah … dst.
Nuwun nuwun kawula nuwun.
Kanthi linambaran wewantuning sagung pakurmatan keparenga kula cumanthaka atilar ing tata krami tebih ing subasita singlar saking udanegari awit badhe ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik rinumpaka dening para kadang kulawangsa ing pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Panjenenganipun para pangombyong penganten kakung ingkang tuhu pantes sinambrama ing pamboja.
Waradinipun dhumateng para rawuh kakung putri wredha mudha minulya ingkang winantu ing bagya mulya yuwana.
Saderengipun kula anglajengaken atur, langkung rumiyen sumangga penjenengan kula dherekaken sesarengan ngaturaken puja astawa puji astuti dhumateng sahandhap pepadanipun Gusti Allah SWT mugi-mugi salwiring gati purwa madya wasana saged lulus raharja kalis sakathahing rubeda.
Sagunging para lenggah ingkang dhahat kinurmatan. Panjenganipun Bapak ……………(1) sekaliyan ing ri kalenggahan punika amiwaha putra amahargya siwi amalakramakaken putra putrinipun ingkang asesilih dyah ayu ……………….(2) pikantuk bagus ………….(3) putranipun Bapak …………(4) ingkang pidalem saking …………………………………………………………………(5)
Kula ingkang minangka panatacara keparenga ngaturaken sugeng rawuh sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan mugi-mugi katentreman tansah kasarira ing jengandika sedaya dalasan kula.
- setunggal purwaka utawi pambuka
- titilaksana ingkang angka kalih inggih punika pamaosing pustaka aji kitab suci Al Qur’an
- Adicara ingkang angka tiga nuninggih pasrah miwah panampining pinanganten.
- Titilaksitacara ingkang kacatur inggih punika upacara panggih ingkang kalajengaken upacara adat : kacar-kucur, dhahar sekul walimah, bobot timbang kalajengaken upacara pangabekten.
- Menggah adicara ingkang angka gangsal nuninggih atur pambagya harja yuwana.
- Tumapaking laksitacara kaping eneminggih punika wursitawara utawi ular-ular inggih pengaosan ingkang badhe dipun slirani dening almukarom Bapak …………………(6)
- Adicara ingkang pungkasan, paripurna utawi panutup.
Wasalamu’alaikum wr.wb.
Keterangan isi titik-titik ;
- jenenge sing duwe gawe mantu/bapakne nganten putri
- jenenge penganten putri
- jenenge penganten kakung
- jenenge bapakne nganten kakung
- alamate nganten kakung
- jenenge sing paring ular-ular/pengajian
Mohon pencerahan, arti kata sinambrama itu apa?
BalasHapusKaaturan,kacaosan
Hapus