Selasa, 14 Juni 2011

pentas topeng ireng atau dayakan

bagi para penggemar kesenian topeng ireng or ndayakan, anda bisa menyaksikan pentas topeng ireng yang akan diadakan pada :
Hari/tanggal : Sabtu malam Minggu, 25 malam 26 Juni 2011
Tempat : Ganasari Banjarasri Kalibawang Kulon Progo Yogyakarta
gambar di bawah ini bukan yang akan pentas.
ini adalah pentas topeng ireng di MAN Kalibawang Juli 2010









Senin, 13 Juni 2011

pranatacara

Assalamua’alaikum wr.wb.

Alhamdulillah … dst.
Nuwun nuwun kawula nuwun.
Kanthi linambaran wewantuning sagung pakurmatan keparenga kula cumanthaka atilar ing tata krami tebih ing subasita singlar saking udanegari awit badhe ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik rinumpaka dening para kadang kulawangsa ing pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.

Para pinisepuh, para sesepuh, para aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas miwah lebda paring pitutur ingkang dhahat kinabekten.
Para alim, para ulama ingkang siyang pantaraning ratri tansah sumandhing kitab suci wahyu dyatmika panuntun keblating panembah ingkang tuhu kula bekteni.
Para satriyaning negari pangemban pangembating praja ingkang minangka songsong agung miwah pandam pandoming para kawula dasih inkang satuhu pantes lamun ta sinudarsana.
Panjenenganipun para pangombyong penganten kakung ingkang tuhu pantes sinambrama ing pamboja.
Waradinipun dhumateng para rawuh kakung putri wredha mudha minulya ingkang winantu ing bagya mulya yuwana.

Saderengipun kula anglajengaken atur, langkung rumiyen sumangga penjenengan kula dherekaken sesarengan ngaturaken puja astawa puji astuti dhumateng sahandhap pepadanipun Gusti Allah SWT mugi-mugi salwiring gati purwa madya wasana saged lulus raharja kalis sakathahing rubeda.
Sagunging para lenggah ingkang dhahat kinurmatan. Panjenganipun Bapak ……………(1) sekaliyan ing ri kalenggahan punika amiwaha putra amahargya siwi amalakramakaken putra putrinipun ingkang asesilih dyah ayu ……………….(2) pikantuk bagus ………….(3) putranipun Bapak …………(4) ingkang pidalem saking …………………………………………………………………(5)
Kula ingkang minangka panatacara keparenga ngaturaken sugeng rawuh sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan mugi-mugi katentreman tansah kasarira ing jengandika sedaya dalasan kula.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang anggung sinungga ing akrami, menggah urut reroncening adicara ingkang badhe katur nuninggih :
-      setunggal purwaka utawi pambuka
-      titilaksana ingkang angka kalih inggih punika pamaosing pustaka aji kitab suci Al Qur’an
-      Adicara ingkang angka tiga nuninggih pasrah miwah panampining pinanganten.
-      Titilaksitacara ingkang kacatur inggih punika upacara panggih ingkang kalajengaken upacara adat : kacar-kucur, dhahar sekul walimah, bobot timbang kalajengaken upacara pangabekten.
-      Menggah adicara ingkang angka gangsal nuninggih atur pambagya harja yuwana.
-      Tumapaking laksitacara kaping eneminggih punika wursitawara utawi ular-ular inggih pengaosan ingkang badhe dipun slirani dening almukarom Bapak …………………(6)
-      Adicara ingkang pungkasan, paripurna utawi panutup.
Para hadilenggah  ingkang winantu ing suka basuki. Mekaten lumadining adicara ingkang badhe lumampah wonten ing pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika. Keparenga lenggah ingkang sekeca kanthi mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan. Nuwun.
Wasalamu’alaikum wr.wb.
Keterangan isi titik-titik ;
  1. jenenge sing duwe gawe mantu/bapakne nganten putri
  2. jenenge penganten putri
  3. jenenge penganten kakung
  4. jenenge bapakne nganten kakung
  5. alamate nganten kakung
  6. jenenge sing paring ular-ular/pengajian

Minggu, 12 Juni 2011